Kawula pitados dhateng Allah Sang Rama ingkang Maha Kawasa,
ingkang nitahaken langit kaliyan bumi.
Inggih pitados dhateng Yesus Kristus,
ingkang Putra Ontang-anting Gusti kawula.
Ingkang kabobotaken dening Roh Suci,
miyos saking prawan Maryam.
Ingkang nandhang sangsara nalika jumenengipun Pontius Pilatus,
kasalib, nglampahi seda, lajeng kasarekaken,
tumedhak dhateng ing teleng palimengan.
Ing tigang dintenipun wungu malih saking antawisipun tiyang pejah.
Lajeng sumengka dhateng ing swarga,
pinarak wonten ing tengenipun Allah Sang Rama ingkang Maha Kawasa.
Saking ngriku inggih badhe rawuhipun,
ngadili tiyang ingkang gesang kaliyan ingkang pejah.
Kawula pitados dhateng Roh Suci.
Kawula pitado
We’ve updated our privacy policy so that we are compliant with changing global privacy regulations and to provide you with insight into the limited ways in which we use your data.
You can read the details below. By accepting, you agree to the updated privacy policy.