4. Saben sekar macapat duwe baris ukara GATRA
(baris kalimat)
Saben gatra duwe suku kata GURU WILANGAN
(suku kata)
Saben pungkasane unen-unen GURU LAGU
(rima)
5. Sekar Macapat
Sekar Macapat Guru gatra Guru wilangan Guru lagu
Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i ,u
Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u ,a ,i, a
Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i
Asmarandana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 a, i, e, a, a, u, a
Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7, a, i, a, a, i, a, i
Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, a, i, u, a, u, a, i
Maskumambang 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a, a
Pucung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a
Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o
Megatruh 4 12, 8, 8, 8, u, i, u, i, o
6. Tembung Lingga (Kata Dasar)
yaiku tembung kang durung owah saka asale, kang
durung oleh imbuhan apa apa, utawa tembung
kang isih wungkul, isih wantah utawa isih asli.
Tembung lingga isoh digolongake wujud bebas
(bentuk bebas). Tembung lingga ana kang dumadi
saka sak wanda, rong wanda, utawa telung wanda
(suku kata).
Tuladha : Turu, Tangis, pari, Pangan, Mustaka, Tulis,
Laku, Caping, lsp
7. Tembung Andhahan (Kata jadian)
yaiku tembung kang owah saka asale.
Tembung andhahan dumadi saka tembung
lingga kang oleh imbuhan utawa tembung
lingga kang wis dirimbag. Owah owahan iku
bisa awujud :
Wuwuhan (imbuhan)
Ngrangkep tembung (kata ulang)
Nyambor tembung (kata majemuk)
8. Salah sawijini cara ndhapuk tembung andhahan
iku kanthi menehi wuwuhan, wuwuhan iku ana
telu yaiku : ater - ater (awalan), seselan
(sisipan),lan panambang (akhiran).
1. Ater Ater (awalan)
Tembung andhahan amarga oleh ater ater
umpamane :
Nyilih : ny- + silih
Mlaku : m- + laku
Diwaca : di- + waca
Kesandhung : ke- + sandhung
Dakjupuk : dak- + jupuk
9. Seselan (sisipan)
Tembung andhahan amarga seselan
umpamane :
Gumuyu : um + guyu
Tinulis : in + tulis
Kerelip : er + kelip
10. Panambang (akhiran)
Tembung andhahan amarga oleh panambang
umpamane :
Telatan : telat + -an
Awake : awak + -e
Bukuku : buku + -ku
Tulisen : tulis + -en
11. Wuwuhan Gabung (awalan+akhiran)
Tembung andhahan amarga oleh wuwuhan
gabung umpamane :
Digawakake : di- + gawa -ake
Njupaki : n- + jupuk -i
Nilisaka : n- -ake
12. Tembung Entar
Tembung entar ing bahasa Indonesia diarani
kata bermakna kiasan (konotasi). Tembung
entar (tembung silihan) iku tembung sing wis
oncat saka tegese sing baku utawa tembung
sing ora kena ditegesi mung sawantahe.
13. Tuladha :
Yen kowe melu wong aja pisan-pisan dawa
tangane. (Dawa tangane = nyolongan).
Yen wong tuwamu repot ya aja digegem
tangane. (Digegem tangane = ora gelem
tandang gawe).
Kanthi tuladha iku bisa disimpulake yen
tembung entar iku tembung sing tegese ora
sabenere.
14. Tembung Garba
yaiku tembung loro utawa luwih sing
digandheng dadi siji sarana nyuda cacahe
wanda. Tembung garba diarani uga tembung
sandi.
Tuladha :
Sarwendah sarwa + endah
Narendra nara + indra
Prameswari parama + iswari
15. Tembung Saroja
yaiku tembung loro utawa luwih sing tegese
padha utawa meh padha dienggo bebarengan
tujuane kanggo mbangetake.
Tuladha :
Sajake warga desa padha katon ayem
tentrem lan sayuk rukun mbangun desa.
Ayem = tentrem; Sayuk = rukun
Marsya olehe mlaku gandheng renteng
karo kancane. Gandheng = renteng
16. a H n N c r kC R K
f F t T s w lS W L
p P d D j y vJ Y V
mM g G b q zB Q Z
17. _i_
_
wulu -i wingi wizi
_u__ suku -u turu turu
_e__ pepet -棚 legi legi
_[__ taling -辿 lele [l[l
[__o taling tarung -o toko [to[ko