2. BAB 1. Pidhato 2. Pewayangan 3. Tembang 4. Tembung 5.Geguritan 6. Apresiasi Budaya 7. Nulis Undangan (Ulem) 8. Ukara Baku lan Ukara panjelas 9. Pacelathon
3.
4. Pidhato Pidhato iku medharake prekara tartemtu ana ing ngarep e wong akeh kanthi nggatekake babagan kaya dene : Busana : Sandhangan nyocogake karo kapreluwan lan acarane, katon merbawani nanging sing prasaja ora neka-neka. Suba sita : trapsila lan tata krama magepokan karo unggah-ungguhing basa. Swara : Pocapan sing cetha lan bisa kaprungu kabeh wong kang ngrungokake lan ora digawe-gawe. Basa lan sastra : Basa kang digunakake prasaja lan bisa ditampa lan dingreteni wong kang ngrungokake. Uga menawa bisa nganggo basa rinengga.
5. Jenis Pidhato Pidhato iku medharake prekara tartemtu ana ing ngarep e wong akeh kanthi nggatekake babagan kaya dene : Busana : Sandhangan nyocogake karo kapreluwan lan acarane, katon merbawani nanging sing prasaja ora neka-neka. Suba sita : trapsila lan tata krama magepokan karo unggah-ungguhing basa. Swara : Pocapan sing cetha lan bisa kaprungu kabeh wong kang ngrungokake lan ora digawe-gawe. Basa lan sastra : Basa kang digunakake prasaja lan bisa ditampa lan dingreteni wong kang ngrungokake. Uga menawa bisa nganggo basa rinengga.
6. Bakuning Isi Pidhato Pambukaan Salam Ngaturaken rasa syukur Panghormatan marang tamu Isi/ surasa Bab kang pokok jumbuh karo tujuane pahargyan. Panutup Njaluk pangapura manawa ana kaluputan matur nuwun amarga wis diparengake matur.
7. Babagan Wong Pidhato Pidhato iku medharake prekara tartemtu ana ing ngarepe wong akeh kanthi nggatekake babagan kaya dene: Busana : Sandhanga nyocogake karo kapreluwan lan acarane, katon merbawani nanging sing prasaja ora neka-neka. Subasita : Trapsila lan tata krama magepokan karo unggah- ungguhing basa. Swara : Pocapan sing cetha lan bisa kaprungu kabeh wong kang ngrungokake lan ora digawe-gawe. Basa lan sastra :Bsa kang digunakake prasaja lan bisa ditampa lan dingreteni wong kang ngrungokake. Uga menawa bisa nganggo basa rinengga.
8. Tuladha Teks Pidhato Teks Pidhato ing acara “Perpisahan Klas VI” Atur Pamitan Wakil Klas 6 sing tamat: Assalamu’alaikum Wr Wb. Bismillahirahmanirrahim. Alhamdulillahirabbil’alamiin. Panjenenganipun Bapak/Ibu Kepala sekolah ingkang minulya! Bapak saha Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan, adhik-adhik klas 1-5 ingkang kula tresnani, kanca-kanca klas 6 ingkang saweg suka gembira, keparenga kula nyuwun palilah sowan wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, saperlu dados badan wakilipun kanca klas 6 ingkang sakedhap malih badhe nilaraken SD riki, saperlu nglajengaken pendhidhikan ing SLTP. Langkung rumiyin, mangga sesarengan ngaturaken raos syukur dhateng ngarsa dalem Allah SWT. Ingkang sampun maringi karahmatan saha kawilujengan, saengga kita sesarengan saget kempal manunggal ngawontenaken acara perpisahan siswa-siswi klas enem ingkang sampun saget kacekap. Babagan menika sage kawujud amargi saking panggulawenthahipun Bapak saha Ibu Guru sadaya. Ingkang menika kula minangka wakil saking sadaya kanca klas enem kepareng ngaturaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT, saha saget angaturaken agunging panuwun dhateng sadaya Bapak-Ibu Guru, tuwin Bapak Kepala Sekolah. Mugi-mugi awit saking kasaenanipun Bapak-Ibu, Allah SWT, maringi lelintu amal kasaenan ingkang satrap kaliyan labuh lebetipun, amin! Salajengipun, kepareng kula sakanca tansah nyuwun donga pamujinipun supados saged kasembadan menapa ingkang dados idham-idhaman kula sakanca kalihipun nyuwun agunging pangaksami sadaya kalepatan kula sakanca, ing salebetipun kula kaemong ing SD riki dhateng adhik-adhik klas 1-5 kula sakanca ugi nyuwun pangaputen. Akhiripun, sedaya kekirangan saha kalepatan anggen kula matur, nyuwun pangapunten. Wekdal kula aturaken dhateng pranatacara, matur nuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
9.
10. PEWAYANGAN Jinising Wayang Wayang Wong Yaiku wayang kang paragane wong, njupuk crita Mahabarata lan Ramayana. Wayang Kulit Yaiku Wayang kang digawe saka walulang, njupuk crita Mahabarata lan Ramayana. Wayang Golek Yaiku Wayang kang digawe saka kayu kang dipetha wujud uwong, njupu crita Damarwulan.
11. 2. Dewa Lan Kahyangane a. Bathara Guru (Ratune para dewa) : Kahyangan Jung gringsaloka b. Bathara Endra : Kahyangan Endraloka c. Bathara Brama : Kahyangan Argadahana d. Bathara Kamajaya : Kahyangan Cakrakembang e. Bathara Wisnu : Kahyangan Ariloka f. Bathara Yamadipati : Kahyangan Yamaniloka g. Bethari Durga : Kahyangan Sentra Ganda Mayit h. Sang Hyang Antaboga : Kahyangan Sapta Pratala i. Sang Hyang Nagaraja : Kahyangan Sumur Jalatundha j. Sang Hyang Wenang : Kahyangan Ondar-Andir Bawana
12. 3. Dasanama Jeneng Wayang Dasanama kuwi saka tembun dasa kang tegese sepuluh, nama kuwi jeneng. Dadi dasanama iku menehi teges jeneng kang padha nganti sepuluh cacahe. Iki kanggone tembung, barang utawa jeneng wayang, lan sapanunggalane. Tuladha babagan dasanama jeneng wayang. Janaka : Arjuna, Permadi, Margana, Dananjaya, Pamadya, Palguna, Endra Putra, Jlamprong, Wijanarko, Kendhitatnala. Werkudara : Bayu Seta, Bayu Putra, Bratasena, Arya Panenggla, Wijasena, Jagal Bilawa, Sena. Kresana : Narayana, Padmanaba, Wresniwira, Ari Murti, Wisnu Murti, Narasinga, Basudewaputra, Jlitheng. Lan sapanungalane.
13.
14. TEMBANG Tembang Jawa iku ana 3 Warna : 1. Tembang Cilik (Tembang Macapat) Asmaradana Dhandhanggula Durma Gambuh Kinanthi Maskumambang Megatruh Mijil Pangkur Sinom Pocung
17. Ing tembang jawa ana pathokan-pathokan, yaiku : Guru Gatra Guru gatra yaiku Cacahing gatra(larik)saben sapada (bait). Tuladha: Sekar gambuh ping catur kang cinatur polah kang kalantur tanpa tutur katula-tula katali kadaluarsa kapatuh kapatuh pan dadi awon cacahing guru gatra ing tembang gambuh iku ana 5 gatra.
18. 2. Guru Wilangan Guru wilangan yaiku cacahing wanda (ucap/ suku kata) saben sagatra (sak baris) Tuladha: Sekar gambuh ping catur (7 wanda) kang cinatur polah kang kalantur (10 wanda) tanpa tutur katula-tula katali (12 wanda) kadaluarsa kapatuh (8 wanda) kapatuh pan dadi awon (8 wanda)
19. 3. Guru Lagu Guru Lagu yaiku tibaning swara (vokal) ing pungkasaning gatra. Tuladha: Sekar gambuh ping cat u r (u) kang cinatur polah kang kalant u r (u) tanpa tutur katula-tula katal i (i) kadaluarsa kapat u h (u) kapatuh pan dadi aw o n (o)
20.
21. TEMBUNG Tembung Saroja Tembung saroja diarani tembung majemuk yaiku tembung loro kang duweni teges padha didadekake siji (ora ngowoni tegese). Tuladha : Atut runtut Arum wangi Budi pakarti Campur bawur Tuladha ukara : Budi pakarti luhur tansah dilakoni. Gandane sabun kuwi arum wangi.
22. Tembung Rangkep Tembung rangkep yaiku tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakabehing tembung utawa mung sawanda. Ing Bahasa Indonesia temung rangkep kuwi diarani kata ulang. Ana telu warna tembung rangkep, yaiku: 1. Tembung Dwilingga 2. Tembung Dwipurwa 3. Tembung Dwiwasana
23. 1. Tembung DwiLingga Tembung Dwilingga yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane. Tembung dwilingga iki ana 3 warna: Dwilingga padha swara Tuladha : Guru-guru Omah-omah Bocah-bocah Dwilingga salin swara Tuladha : Mlaka-mlaku Wira-wiri Mrana-mrene Dwilingga semu Tuladha : Ondhe-ondhe Untir-untir Undur-undur
24. 2. Tembung Dwipurwa Tembung Dwipurwa yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep. Tuladha : Dedunung Jejupuk Lelumpuk
25. 3. Tembung Dwiwasana Tembung Dwiwasana yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing mburi. Tuladha : Cekakak Cengenges Celuluk
26.
27. GEGURITAN Geguritan kuwi ing Bahasa Indonesia diarani syair. Menawa nulis geguritan kudu nggatekake anane purwakanthi. Saliyane iku, uga dicocogake antarane tema lan isine. Geguritan kang temane budi pakarti, isine kudu ngenami babagan budi pakarti. Tuladha : Mituhuning Bocah Saka cilik sliramu kagulawentah Kawit digendhong, mbrangkang lan bisa mlaku gagah Wong tuwamu tansah donga lan pasrah Marang gusti kang Maha Berkah Amrih uripmu titi tentrem bungah
28. Carane maca geguritan padhaq karo kepiye maca puisi ing basa Indonesia, yaiku: Gatekna lafal utawa pocapane sawenehing tembung ing geguritan kanthi cetha. Intonasi utawa dhuwur cendheke cara maca tembung. Ngreteni anane obahing anggotane awak (diarani gesture) lan ekspresine anggone maca.
29.
30. APRESIASI BUDAYA Gamelan kuwi mujudake tilarane para winasis. Minangka pralambang saka seni tadisional wong Jawa. Ing gamelan ana titi larase yaiku pelog lan slendro. Wujude gamelan yaiku :
37. Layang Ulem yaiku layang kanggo ulem-ulem yen arep duwe gawe/ kegiatan lsp.
38. Tuladha Undhangan Surakarta, 1 Desember 2010 Serat mugi katur panjenenganipun Bapak ……………………..………… Ing Yogyakarta Kula suwun karawuhan Bapak/ Ibu/ Panjengengan ing: Dinten : Minggu Pahing Tanggal : 5 Desember 2010 Wekdal : Jam 09.00 Mapan : Ing dalemipun Bapak Sumarjo Acara : Rembagan bab Pengetan dinten kamardikan Sarawuh panjenengan kula ngaturaken matur nuwun.
39.
40. Wacana iku kadadean saka pirang-pirang ukara kang kasusun ing paragraf. Saben paragraf duwe ukara kang bakku (kalimat pokok/ utama= Bahasa Indonesia) lan ukara kang nerangake ukara baku (kalimat-kalimat panjelas).
41. Tuladha: Akeh piranti kanggo nggarap sawah lan olah tetanen. Ana kang tradhisional, contone luku, kang digeret sapi utawa kebo. Ana uga kang luwih maju utawa modheren kayata traktor, gilingan pari, lan sapanunggalane. Saka tuladha paragrap iku bisa dikandhakake anane : Ukara bakune : Akeh piranti kanggo nggarap sawah lan olah tetanen. Ukara kang nerangake (ukara panjelas/ penerang) a. Ana kang tradhisional b. Ana uga kang luwih maju utawa modheren, kayata traktor, gilingan pari, lan sapanunggalane. c. Isine paragrap : piranti-piranti utawa alat kanggo tetanen lan olah tetanen iku ana sing tradisional lan modheren
42.
43. Pacelathon iku omong-omongan ing antarane wong siji lan sijine, bisa wong loro, telu utawa luwih. Menawa nonton siaran TV kang wujud wawancara, iku uga bisa diarani pacelathon sing wujude wawancara, nanging isine magepokan karo prekara tartemtu.