際際滷

際際滷Share a Scribd company logo
Drs. Imam Sutardjo, M.Hum
Gendhing Jawa iku dumadi saka swaraning
gamelan kang ditabuh, kanthi
nggunakake laras, irama lan pathet.
Tuwuhe swaraning gamelan iku ana kang :
dikebuk (kendhang), disebul (suling),
digesek (rebab), lan dithuthuk (demung,
kenong, kempul, lan liya-liyane).
Laras ing gendhing-gendhing Jawa lumrahe
laras slendro lan pelog; wondene larase
gendhing-gendhing Jawa ana 3 (telu), yaiku
: cilik, madya, lan gedhe. Iramane gendhing
ana 2 (loro), yaiku lamba lan rangkep.
Pathet gamelan slendro, ana 3 (telu) yaiku
laras slendro pathet 6 (nem), 9 (sanga), lan
pathet manyura. Wondene gamelan
pelog,pathete uga ana 3 (telu); yaiku pelog
pathet 6 (nem), 5 (lima), pathet barang.
Gendhing iku duweni watak; sigrak,
lanyap, anteng, trenyuh, gecul, lan lega
gembira. Gunane gendhing yaiku bisa
kanggo ngiringi : wayangan, mantenan,
kethoprak, lan liya-liyane. Gendhing
adhedhasar akehing thuthukan utawa
tabuhan bisa kaperang ana 5 (lima),
yaiku gendhing : gedhe, tengahan,
ladrangan, ketawang, lan lancaran
Carane nabuh gamelan yaiku ana kang
nggembyang, mipil, mbalung, nacah.
Wondene gendhinglancaran ana kang
nibani lan mlaku.
 CACAH LAN NAMANING RICIKAN
GAMELAN
 Rebab, Kendang, Gender (Barung, Penerus),
 Bonang (Barung, Penerus), Demung,
 Saron (Barung, Penerus), Slentem
 Kenong, Kempul, Ketuk lan kempyang, Siter
 Gambang
 Suling
 Gong
 Bedug
 NAMANING TITILARAS GAMELAN
SLENDRO + PELOG
Gamelan Slendro: 1 2 3 5 6
 Gamelan Pelog: 1 2 3 4 5 6 7
 A.Titilaras Slendro B. Titilaras Pelog
 1 = panunggul 1 = panunggul (bem)
 2 = gulu 2 = gulu
 3 = dhadha 3 = dhadha
 5 = lima 4 = pelog
 6 = nem 5 = lima
 6 = nem
 7 = barang
TANDHA NOTASI KENDHANGAN GENDHING
LANCARAN
Bk: ttpb .p.p
A. .p.p .p.p .p.p .p.p 1 X
B. pppp pbpp pbpp pbpp ma-kaping2
C. bppb ppbp pbpp pbpp salahan
D. p.p. pbp. bp.b .p.. Suwuk
Tandha lan Unine Kendhang
t = tak, tangan kiwa kendhang ketipung (tengah)
p = tung, tangan tengen, kd. Ketipung (pinggir)
b = dhah, tangan tengen kendhang gedhe (pinggir)
. = tong, tangan kiwa, kendhang ketipung (pinggir)
TANDHA NOTASI KENDHANGAN
GENDHING LANCARAN
Bk: .7.6 .7.6 .5. (3)
ttpb .p.p
A. .5.3 .5.3 .5.3 .6.(5)
.p.p .p.p .p.p .p.p 1 X
pppp pbpp pbpp pbpp ma-kaping2
B .6.5 .6.5 .6.5 .3.(2) (A B C)
C. .3.2 .3.2 .3.2 .7.(6)
D. .7.6 .7.6 .7.6 .5.(3)
bppb ppbp pbpp pbpp salahan
p.p. pbp. bp.b .p.. Suwuk
Seni campursari iku wiwit dimangerteni lan
dikenal masarakat Jawa (Tengah, Timur)
ing wiwitaning taun 1970-an, kang ing
wektu iku RRI Stasiun Surabaya
nganakake lan ngenalake acara anyar,
yaiku lelagon utawa lagu-lagu kang
diiringi musik campuran, antarane alat
musik nada pentatonis karo nada
diatonis kang ditabuh bebarengan.
Musik utawa seni campursari iku
mujudake campuran antarane seni
musik tradhisi (Jawa) karo seni manca
(barat), mula alat-alat tabuhane
nggunakake: kendhang, saron barung
, demung, gong, gender; gitar,
keyboard, lan drum. Mula seni
campursari iku minangka anggitan
yasan anyar kang kebak kaendahan
lan nyenengake, amarga cakepan
lagune prasaja lan gampang
dimangerteni isine. Irah-irahane
Musik utawa seni campursari iku mujudake
campuran antarane seni musik tradhisi
(Jawa) karo seni manca (barat), mula alat-
alat tabuhane nggunakake: kendhang,
saron barung , demung, gong, gender;
gitar, keyboard, lan drum. Mula seni
campursari iku minangka anggitan yasan
anyar kang kebak kaendahan lan
nyenengake, amarga cakepan lagune
prasaja lan gampang dimangerteni isine.
Irah-irahane lumrah babagan katresnan.
Seni campusari bisa amakili masarakat Jawa
kanthi gagrak anyar, sanajan ana sing
sarujuk lan cengkah, jalaran kaanggep
ngrusak adiluhung utawa edi endahing
seni tradhisi. Ananging bukti lan nyatane
masarakat padha seneng marang
campursari, lan kaanggep bisa
ngrembakakake maneh seni tradhisi kang
meh mati ditinggalake bebrayan agung,
mligine para mudha.
WUJUDE CAMPURSARI
1. Langgam Campursari
2. Lelagon Dolanan Campursari
3. Lelagon Campursari
4. Macapat Campursari
5. Sekar Gendhing Campursari
Tuladha: Sekar macapat Campursari
Asmaradana
Anjasmara ari mami,
Masmirah kulaka warta,
Dasihmu tan wurung layon,
Aneng Kutha Prabalingga,
Prang tandhing Urubisma,
Karia mukti wong ayu,
Pun kakang pamit palastra.
Lagu Campursari Aja Dipleroki
Mas-mas Mas aja dipleroki,
Mas-mas Mas aja dipoyoki,
Karepku njaluk diesemi,
Tingkah lakumu kudu ngerti cara,
Aja ditinggal kapribaden katimuran,
Mengko gek keri ing jaman,
Mbokya sing eling eling bab apa,
Iku budaya pancene bener kandhamu
Lagu Gugur Gunung, Pelog Barang.
Ayo kanca ayo kanca,
ngayahi karyaning praja,
Kene 4 X gugur gunung tandang gawe,
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane,
Rila lan legawa kanggo mulyaning negara,
Siji loro telu papat maju papat papat,
diulang ulungake supaya enggal rampunge,
Holobis kuntul baris holobis kuntul baris. 2X

More Related Content

Ppt m5 kb4 GENDHING JAWA LAN CAMPURSARI

  • 2. Gendhing Jawa iku dumadi saka swaraning gamelan kang ditabuh, kanthi nggunakake laras, irama lan pathet. Tuwuhe swaraning gamelan iku ana kang : dikebuk (kendhang), disebul (suling), digesek (rebab), lan dithuthuk (demung, kenong, kempul, lan liya-liyane).
  • 3. Laras ing gendhing-gendhing Jawa lumrahe laras slendro lan pelog; wondene larase gendhing-gendhing Jawa ana 3 (telu), yaiku : cilik, madya, lan gedhe. Iramane gendhing ana 2 (loro), yaiku lamba lan rangkep. Pathet gamelan slendro, ana 3 (telu) yaiku laras slendro pathet 6 (nem), 9 (sanga), lan pathet manyura. Wondene gamelan pelog,pathete uga ana 3 (telu); yaiku pelog pathet 6 (nem), 5 (lima), pathet barang.
  • 4. Gendhing iku duweni watak; sigrak, lanyap, anteng, trenyuh, gecul, lan lega gembira. Gunane gendhing yaiku bisa kanggo ngiringi : wayangan, mantenan, kethoprak, lan liya-liyane. Gendhing adhedhasar akehing thuthukan utawa tabuhan bisa kaperang ana 5 (lima), yaiku gendhing : gedhe, tengahan, ladrangan, ketawang, lan lancaran Carane nabuh gamelan yaiku ana kang nggembyang, mipil, mbalung, nacah. Wondene gendhinglancaran ana kang nibani lan mlaku.
  • 5. CACAH LAN NAMANING RICIKAN GAMELAN Rebab, Kendang, Gender (Barung, Penerus), Bonang (Barung, Penerus), Demung, Saron (Barung, Penerus), Slentem Kenong, Kempul, Ketuk lan kempyang, Siter Gambang Suling Gong Bedug
  • 6. NAMANING TITILARAS GAMELAN SLENDRO + PELOG Gamelan Slendro: 1 2 3 5 6 Gamelan Pelog: 1 2 3 4 5 6 7 A.Titilaras Slendro B. Titilaras Pelog 1 = panunggul 1 = panunggul (bem) 2 = gulu 2 = gulu 3 = dhadha 3 = dhadha 5 = lima 4 = pelog 6 = nem 5 = lima 6 = nem 7 = barang
  • 7. TANDHA NOTASI KENDHANGAN GENDHING LANCARAN Bk: ttpb .p.p A. .p.p .p.p .p.p .p.p 1 X B. pppp pbpp pbpp pbpp ma-kaping2 C. bppb ppbp pbpp pbpp salahan D. p.p. pbp. bp.b .p.. Suwuk Tandha lan Unine Kendhang t = tak, tangan kiwa kendhang ketipung (tengah) p = tung, tangan tengen, kd. Ketipung (pinggir) b = dhah, tangan tengen kendhang gedhe (pinggir) . = tong, tangan kiwa, kendhang ketipung (pinggir)
  • 8. TANDHA NOTASI KENDHANGAN GENDHING LANCARAN Bk: .7.6 .7.6 .5. (3) ttpb .p.p A. .5.3 .5.3 .5.3 .6.(5) .p.p .p.p .p.p .p.p 1 X pppp pbpp pbpp pbpp ma-kaping2 B .6.5 .6.5 .6.5 .3.(2) (A B C) C. .3.2 .3.2 .3.2 .7.(6) D. .7.6 .7.6 .7.6 .5.(3) bppb ppbp pbpp pbpp salahan p.p. pbp. bp.b .p.. Suwuk
  • 9. Seni campursari iku wiwit dimangerteni lan dikenal masarakat Jawa (Tengah, Timur) ing wiwitaning taun 1970-an, kang ing wektu iku RRI Stasiun Surabaya nganakake lan ngenalake acara anyar, yaiku lelagon utawa lagu-lagu kang diiringi musik campuran, antarane alat musik nada pentatonis karo nada diatonis kang ditabuh bebarengan.
  • 10. Musik utawa seni campursari iku mujudake campuran antarane seni musik tradhisi (Jawa) karo seni manca (barat), mula alat-alat tabuhane nggunakake: kendhang, saron barung , demung, gong, gender; gitar, keyboard, lan drum. Mula seni campursari iku minangka anggitan yasan anyar kang kebak kaendahan lan nyenengake, amarga cakepan lagune prasaja lan gampang dimangerteni isine. Irah-irahane
  • 11. Musik utawa seni campursari iku mujudake campuran antarane seni musik tradhisi (Jawa) karo seni manca (barat), mula alat- alat tabuhane nggunakake: kendhang, saron barung , demung, gong, gender; gitar, keyboard, lan drum. Mula seni campursari iku minangka anggitan yasan anyar kang kebak kaendahan lan nyenengake, amarga cakepan lagune prasaja lan gampang dimangerteni isine. Irah-irahane lumrah babagan katresnan.
  • 12. Seni campusari bisa amakili masarakat Jawa kanthi gagrak anyar, sanajan ana sing sarujuk lan cengkah, jalaran kaanggep ngrusak adiluhung utawa edi endahing seni tradhisi. Ananging bukti lan nyatane masarakat padha seneng marang campursari, lan kaanggep bisa ngrembakakake maneh seni tradhisi kang meh mati ditinggalake bebrayan agung, mligine para mudha.
  • 13. WUJUDE CAMPURSARI 1. Langgam Campursari 2. Lelagon Dolanan Campursari 3. Lelagon Campursari 4. Macapat Campursari 5. Sekar Gendhing Campursari
  • 14. Tuladha: Sekar macapat Campursari Asmaradana Anjasmara ari mami, Masmirah kulaka warta, Dasihmu tan wurung layon, Aneng Kutha Prabalingga, Prang tandhing Urubisma, Karia mukti wong ayu, Pun kakang pamit palastra.
  • 15. Lagu Campursari Aja Dipleroki Mas-mas Mas aja dipleroki, Mas-mas Mas aja dipoyoki, Karepku njaluk diesemi, Tingkah lakumu kudu ngerti cara, Aja ditinggal kapribaden katimuran, Mengko gek keri ing jaman, Mbokya sing eling eling bab apa, Iku budaya pancene bener kandhamu
  • 16. Lagu Gugur Gunung, Pelog Barang. Ayo kanca ayo kanca, ngayahi karyaning praja, Kene 4 X gugur gunung tandang gawe, Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane, Rila lan legawa kanggo mulyaning negara, Siji loro telu papat maju papat papat, diulang ulungake supaya enggal rampunge, Holobis kuntul baris holobis kuntul baris. 2X