3. Kesenian iki, mula bukane kerep dipentasake
kanggo aweh lelipur tumrap bebrayan nalika jaman
penjajahan.
Parikan-parikan ing kidungan racake awujud
pasemon-pasemon kanggo pamarintah sarta minangka
sarana kanggo nggugah semangat perjuangane arek-
arek Suroboyo nalika jaman penjajahan.
Salah sawijining tokoh ludruk kang kawentar yaiku
Cak Durasim. Cak Durasim asring gawe parikan-
parikan kang isine awujud pasemon tumrap pamarintah
kang nalika iku isih dijajah dening Jepang
Saka parikan-parikane iku uga Cak Durasim banjur
dicekel lan dikunjara dening pamarintah Jepang.
4. 1. Mula bukane kesenian Ludruk
Gangsar, pawongan lanang saka Jombang kang
senengane nglembara, sawijining dina ketemu karo
wong lanang kang aklambi wadon, nembang rengeng-
rengeng sinambi nggendhong anake sing lagi nangis.
Banjur Gangsar takon, geneya nganggo klambi kaya
wong wadon. Dene alesane, supaya dheweke bisa
nglimpekake anake sing lagi nangis kareben rumangsa
kaya-kaya digendhong simboke. Gangsar rumangsa yen
apa kang ditindakake dening wong lanang iku lucu lan
bisa agawe guyu. Miturut narasumber kadadeyan kaya
mengkono iku kang dadi mulabukane Gangsar banjur
ngembangake kesenian ludruk (Umar Kayam; Ahimsa
Putra, 2000: 359).
5. 2. Urut-urutan Pagelaran Ludruk
Tari
Ngremo
Kidungan Bedayan Crita Inti
- Tarian khas
Jawa Timur
- Saliyane nari,
penari uga bisa
ngidung/
nembang
- Tarian iki
nyritakake
kasudiraning
pangeran kang
lagi perang
- Nglagokake
tembang kang
awujud parikan
- Wosing parikan
racake bab
pasemon utawa
pitutur tumrap
para mudha,
- Basane nganggo
basa Jawa dialek
Suroboyoan
- Nari lan
nembang ana
panggung
- Kerep-kerepe
mragakake
penari lanang
kang nganggo
klambi wanita
satemah bisa
agawe lucu,
gayeng lang
regeng
- Nyritakake
sawijining lakon
kang kerep
ngangkat tema
bab: urip
bebrayan,
legendha
kepahlawanan,
sarta crita nalika
jaman revolusi
8. a. Teges nyemak estetis
Nyemak kang ancase kanggo nemokake kaendahan saka
bahan kang disemak.
b. Nyemak estetis pagelaran ludruk bisa katujokake ana ing
perangan:
1) Nyemak wirama musik lan tembang kang ngiringi
tarian Ngremo
Panyemak bisa menehi dudutan, menawa musik
pangiringe laras lan jumbuh utawa ora karo gerakan-
gerakan penarine.
.
9. 2) Nyemak swara panembang anggone nglagokake
parikan
Panyemak bisa menehi dudutan kepriye swara
panembang anggone nyanyekake kidungane. Menawa
endah, ing perangan apa wae kang nyengkuyung
kaendahane.
3) Nyemak wosing isi sarta basa kang digunakake ing
sajroning parikan
Ing perangan iki panyemak bisa menehi dudutan endah
lan orane yaiku bab:
a) Wosing isi/surasane parikan, isine parikan iku bisa
aweh sengseming driya panyemak utawa ora,
upamane: nelakake pitutur becik, lucu lan bisa
aweh lelipur.
b) Basa kang digunakake, kepriye pamilihing
tembung /diksine, endah ora purwakanthine.
10. Kanggo nglagokake parikan-parikan ing pentas kidungan, bab-
bab kang kudu disamektakake, yaiku mbentuk tim produksi lan
tim panggung.
Tim Produksi
Nyamektakake
parikan-parikan
kang nggatekake:
tata rakiting
parikan, isi lan
diksine
Tim Panggung
nyamektakake paraga kang
bakal nembangake
kidungan
nyamektakake gendhing
kanggo ngiringe lelagon
kidungan
nyamektakake tata
panggung/dekorasi
11. 1. Asal Usul Kesenian Reyog
Legendha versi
Bantarangin
Legendha
versi Demang
Kutu
Lengendha
versi Batara
Katong
12. Penari kang nganggo Dhadhak Merak
Barongan
Penari kang nganggo jaran kepang
Nggambarake pasukan kerajaan kang ngawal Prabu Klana Sewandana
Penari Jathil
nganggo topeng werna abang lan makutha
nggambarake raja kerajaan Bantarangin
Klana Sewandana
Warok tuwa (sesepuh)
Warok enom (pengawal Prabu Klana Sewandana
Warok
Nggambarake Patih Klana Wijaya
Kerep mragakake gerakan akrobatik
Pujangganong
Paraga kang ngiringi gamelan lan menehi senggakan
Pangrawit
13. 3. Tata Urutaning Pagelaran Reyog
Pambuka Inti Wasana
- Warok lumebu
- Kasusul penari jathil
nganggo jaran kepang
- Banjur penari
Pujangganong kang
nganggo topeng
werna abang mlebu
nari kanthi lincah
- Sumusul penari Klana
Sewandana
- Penari
barongan kang
ngganggo
Dhadhak Merak
wiwit nari
- Pagelaran iki
dipungkasi
kanthi ngarak
rombongan
reyog keliling
desa
14. Dene supaya luwih jelas anggone antuk gegambaran pentas iki,
dakaturi maspadakake video kang ana ing laman
https://youtu.be/EMhMYCQGlKg.
Gambar 2. Para Paraga ing Pentas Seni Reyog
15. Pentas seni Jathilan iki awujud tari-tarian kang
dilakokake dening saperangan uwong dewasa
kanthi nganggo jaran kepang sing dikempit ing
antarane sikil lan formasine pasangan.
Tarian iki nyritakake kahanan prajurit kang saweg
aprang tandhing, mula penarine banjur nggawa
gaman awujud pedhang
16. ana penari kang dadi prajurit nganggo jaran kepang
lan gaman awujud pedang
penari atopeng werna ireng (Doyok)
penari atopeng wena putih (Bancak)
Pambeksa/Penari
nabuh instrumen gamelan kanggo ngiringi tari
JathilanPanabuh Gamelan
njaga lancar rancage pentasPenjaga Keamanan
uwong kang bisa nambani utawa nyadharake
penari sing nemahi kahanan ndadi
Koordinator
Pertunjukan (Pawang)
17. Babak Kapisan
kabuka kanthi
gerakan
sabetan,
lumaksono lan
sembahan
Babak Kapindho
penari padha
mbeksa
nganggo jaran
kepang sarta
nggawa gaman
Penari Doyok
lan Bancak uga
banjur metu
Babak Katelu
Puncaking
pagelaran
Racake ana
penari kang
ngalami
kahanan ndadi
(trance)
18. Dene supaya luwih jelas anggone antuk gegambaran pentas iki,
dakaturi maspadakake video kang ana ing laman
https://youtu.be/9qqtdWwK9O8
Gambar 3. Para Penari Jathilan
19. 1. Asal Usul tarian Angguk
Ana saperangan sumber kang mratelakake dene
mula bukane tarian iki kajupuk saka Serat Ambiya ing
lakon Umarmaya-Umarmadi lan Wong Agung
Jayengrono.
Tarian iki racake dipentasake kanggo mengeti dina
riyaya Islam, mligine Maulid Nabi sarta sedane Nabi
Muhammad S.a.w. Ananging ing jaman saiki, tarian iki
kerep uga ditanggap kanggo hiburan ing acara hajatan
liya.
20. Penari
Kelompok
panabuh/
pangiring
Panabuh iki saliyane mainake
gendhing nganggo gamelan kanggo
ngiringi tari, uga ana sing mbawani,
yaiku nglagokake bawa kang kajupuk
saka kitab Tlodo. Kitab iki abasa arab
ananging dilagokake nganggo cengkok
tembang Jawa. Kang nglagokake iku
diarani Rois utawa pengatur utawa
uwong kang dadi dhalange
Paraga kang mentasake tari
Angguk, tariane bisa kaperang
dadi loro, yaiku:
Ambyakan lan pasangan
21. a. Babak/tahap awal yaiku diwiwiti dening para
penari padha mlebu arena bebarengan.
Perangan iki diarani tari Ambyakan.
b. Dene jinis tarian kang kalebu ing kategori tari
Ambyakan yaiku: 1) Tari-Bhakti, 2) Tari-Srokal,
3) Tari-Panutup. Bebarengan karo wiwitane tari
Bhakti, Rois uga wiwit nglagokake tetembangan
kanthi saut-sautan, yaiku antarane Rois
pengiring lan para penari. Tembang kang
dilagokake ana ing tarian iki akeh-akehe
shalawat. Sawise iku diterusake ujaran parikan-
parikan utawa pantun.
22. c. Sabanjure, penari mentasake tari Pasangan.
Titikane yaiku ana penari kang dadi paraga
utama. Menawa sadurunge kabeh penari
melu njoget, nanging ing perangan iki
penarine kari siji utawa bisa uga kari
sepasang. Kadangkala ana penari kang bisa
nganti ndadi (kaya dene ing pentas jathilan).
Kahanan kaya mengkono iku kang kerep bisa
narik kawigatene pamirsa.
23. Dene supaya luwih jelas anggone antuk gegambaran pentas iki,
dakaturi maspadakake video kang ana ing laman
https://youtu.be/9qqtdWwK9O8
Gambar 3. Para Penari Jathilan
25. Rangkuman
Sakabehing bentuk kesenian rakyat Jawa kang awujud
seni pertunjukan iku, sejatine minangka wujud
kasugihaning budaya Jawa kang asipat adi luhung.
Wujud iku uga minangka asil pamikiran dalah
panemune masyarakat Jawa kang bisa dadi pratandha
alusing budi dalah dhuwuring nalar manungsa.
Sakabehing seni rakyat Jawa iku duwe pranatan tumrap
paraga lan panyengkuyung sarta urut-urutan lakuning
pagelaran kanthi tinata lan runtut. Kayata ing pagelaran
Ludruk, reyog, jathilan lan angguk. Maneka werna seni
pertunjukan iku satemene ngandhut wiji lan filosofi
kang becik tumrap tata panguripan urip manungsa.
Mula para dwija basa Jawa kudu bisa ngerti sakabehing
wujud budaya iku, murih bisa lestari lan ngrembaka,
dene nora kagiles dening jantraning jaman, minangka
titikan khas sarta jati dhirine bebrayan Jawa.
26. Ahimsa Putra, H.S. (Ed). 2000. Ketika Orang Jawa Nyeni.
Yogyakarta: Galang Press.
Khoirunisa. 2014. Estetika Tari Angguk Putri dalam Prosiding
Seminar Nasional Evaluasi Pembelajaran, hl. 803 807.
Semarang: Pascasarjana Universitas Negeri Semarang.
Lisbijanto, Herry. 2013. Ludruk. Graha Ilmu: Yogyakarta.
_____________. 2013. Reog Ponorogo. Graha Ilmu:
Yogyakarta.
Soedarsono. 2002. Seni Pertunjukan Indonesia di Era
Globalisasi (Edisi ketiga diperluas). Yogyakarta: Gadjah
Mada University Press.
Sujarno, dkk. 2003. Seni Pertunjukan Tradisional, Nilai,
Fungsi dan Tantangannya. Yogyakarta: Kementerian
Kebudayaan dan Paririsata.